Welcome to my blog, hope you enjoy reading
RSS

Kamis, 31 Januari 2013

Padhang Mbulan, Ana Kupu...



WARUNG MEGONO
IYENG SETIAWATI

“Hari Batik Nasional, Pekalongan nggawe acara Pekan Batik Nasional kiye ho. Acarane opo bae? Podo kambek Festival Batik Nasional taun wingi pora? Nyong pingin ndelok,” ko kuwi munine SMS kadek yu Marni, sedulure Yu Trimah sing omahe nang Jakarta.

Yu Trimah bingung pak mangsuli kepriye, karang ora ngerti babarjid acarane. Nek krungu ono Pekan Batik, tah ha-ah. Wingenane kae pirang-pirang ndino panitiane nek rapat, pesen jajan kambek sego ramesan nang warunge.

“ha-ah bener Yu. Tapekno acarane podo bae, nyong ora melu rapate, mengko tak takokke ring anak buahku dhisik ho?,” kalah-kalahe Yu Trimah mangsulane ko kuwi, gayane pok kae si, padahal dadi panitia be ora mungkin ra, wong bakul sego megono.

Awan-awan ndrandhang, pas semelet-semelete srengenge, warung tapuk rame. Wis wayahe laut, alias liren dhisik, alias meneh ishoma. ‘Anak Buahe’ Yu Trimah teka temenan. Helm karo-an kocomoto irenge diuculi, nghang gagiak mlebu warung. Wekas es teh, gulone sithik bae, wonge wis manis jarene. Biasa raönek ora gonjakan, arane seje Turmudi.

“Dengaren kang, semodokan telat, tak daraki ora laut,” Yu trimah takon kambek mesem.

“His lha nek ora laut, yo nggagar raöwong kerjone ketug sore terus...,” Turmudi mangsuli. Mangane pingin mbaleni jangan asem kambek sambel panggang cucut. Jebulno panggange entek. Pindang goreng bae wis. Krupuk. Sambele ora keri. Duduhe komplang-komplang koyo biasane.

“Kang, nyong ditakoki Yu Marni, sedulur kadek Jakarta. Acarane Hari Batik nang Pekalongan kuwi opo bae?,” yu Trimah gagiak takok sak wise turmudi nyruput es tehe.

“Acarane remo-remo nju...nyong be apak meli dodolan...,” jare tasripin, kambek ngilnguk aring mbak Jum. Mbak Jum manthuk akur, Tasripin pancen pak dijaki njogo stane mbak Jum nang GOR Jetayu. Pak melu ngramekke koyo taun wingi, cumo taun wingi sing ngejaki kerjo, Ji Fathur.

“Acara sing digelar Pekalongan arane Pekan Batik Nasional, nju. Ket tanggal 3 ketug 7 Oktober. Denese kegiatane wis tapuk ket tanggal 1 si, tapekno pembukaaane tanggal 3,” jare Turmudi.

“O, dadi ramene ket tanggal 3? Lha nek Yu Marni menene tanggal 5 jik uman si ho?”.

“Yo izik ra...,” Turmudi mangsuli sithik, asale karo-an nyuwil pindhang. Sabar ndhisik batine Yu Trimah. Karang zik pak mangan kok dijak kojahan.

“pertamane kiye ho, ket tanggal 1-7 Oktober, ono Festival damar kurung. Kae si...maksude lampion. Lampione remo-remo jumblahe sewu. Ora kalah kadek 100 payung tahun wingi wis, gampangane. Bar kuwi, ono pameran batik kadek daerah-daerah, seje pekalongan othok. Arane Indonesian Batik Expo. Pokoke nggo wong sing apak blonjo batik, penak kuwi, ora susah moro nang kota asale, wis biso oleh batik kadek daerah liyo, lungone sak panggonan thok, Pekan Batik Nasional. Manggone nang GOR Jetayu.”

“pokoke mbukak pasar batik...koyo Setono kae si...,” Tasripin nyauti.

“Gening koyo Pasar Grosir Setono...lha nggo opo kok darani Pekan Batik Nasional? Lha nek wong-wong do teko kadek ngendi-endi tanakan gelo ra, kok podo bae karo-an pasar biasa,” Yu Trimah nyauri. Turmudi karo mbak Jum mesem.

Pancen sing taun wingi, akeh sing kondho nek Festival Batike ora ono sejene kambek mindah pasar. Batike sing didol, juga podo bae kambek sing ono nang pasar. Padahal akeh tamu sing pingin ngluru batik Pekalongansing apik, sing unik utowo nyejeni, motip anyar, kelir anyar, ajib meneh nek ditemokke bahan kelir anyar, sing ora ngrusak lingkungan.

“Jo wedi, saiki ditoto selot apik. Batik sing dipamerke dipilih sing apik. Seje batik koden.”

“Lha stane be larange pok ok...regane sampek 7 juta,” jare Tasripin.

“Kuwi nggo pengusaha batik sing gedi, Pin. Nggo sing cilik-cilikan yo malah digratiske,” jare mbak Jum. Batik sing digelar remo-remo, akeh batik pesisire. Karang batik pesisir kuwi motipe akehe pok. Kadek motip terang bulan, batik kunone Pekalongan, sing saiki terkenale motip jlamprang, ketuk motip flora-fauna. Kupu, kinjeng, manuk, merak, iwak, kuwuk, ketug wedhus. Batik sing dikelir tik pewarna alami, selot akeh saiki diarani ‘batik hijau’ utowo ‘batik go green’. Seje batik sing kelire ijo, tapekno batik sing digawe kadek bahan sing ramah lingkungan. Turmudi nerangke, ono Pesta Citarasa Indonesia, maksude kuliner alias panganan khas daerah-daerah, seje Pekalongan othok. Terus ono panggung hiburan, (Gelar Seni dan Budaya) nang Lapangan Jetayu. Kesenian khas kadek ngendi-endi, digebyake nang kono. Mengo setru bakale ono karnaval batik. Sing ajib meneh, nggo promosi batike, dianake “Gala Dinner & Fashion Show Batik” nang omah dinas Bakorwil (mbiyek omahe dines Residen).

“gening acarane longko sing tik dialek Pekalongan ho..? Kabeh mambune Nasional, malah tik boso Inggris nombarang. Opo demeh akeh Londo sing teko pok?,” Tasripin takok.

(nerangkene priye kuwi? Turmudi be ora reti, nang opo acarane ora ‘mambu Pekalongan’. Karang angel mangsuli takokane Tasripin, mbaleni omongane mbak Jum : kenang opo dalan-dalan sing maring jetayu ora ono ‘mambune’ batik babarjid? Terus, nek kesenian kadek ngendi-endi digebyakke nang Pekalongan, keseniane Pekalongane dewe endi, sakliyane Terbang Jawan? Kuntulan, Duror, Zaplin, denese ajib meneh nek do manggung ho..?) (49)
                                                                                                    Suara Pantura, 5 Oktober 2012

0 komentar:

Posting Komentar