WARUNG MEGONO
IYENG SETIAWATI
“Hari Batik
Nasional, Pekalongan nggawe acara Pekan Batik Nasional kiye ho. Acarane opo
bae? Podo kambek Festival Batik Nasional taun wingi pora? Nyong pingin ndelok,”
ko kuwi munine SMS kadek yu Marni, sedulure Yu Trimah sing omahe nang Jakarta.
Yu Trimah bingung
pak mangsuli kepriye, karang ora ngerti babarjid acarane. Nek krungu ono Pekan
Batik, tah ha-ah. Wingenane kae pirang-pirang ndino panitiane nek rapat, pesen
jajan kambek sego ramesan nang warunge.
“ha-ah bener
Yu. Tapekno acarane podo bae, nyong ora melu rapate, mengko tak takokke ring
anak buahku dhisik ho?,” kalah-kalahe Yu Trimah mangsulane ko kuwi, gayane pok
kae si, padahal dadi panitia be ora mungkin ra, wong bakul sego megono.
Awan-awan
ndrandhang, pas semelet-semelete srengenge, warung tapuk rame. Wis wayahe laut,
alias liren dhisik, alias meneh ishoma. ‘Anak Buahe’ Yu Trimah teka temenan. Helm
karo-an kocomoto irenge diuculi, nghang gagiak mlebu warung. Wekas es teh,
gulone sithik bae, wonge wis manis jarene. Biasa raönek ora gonjakan, arane seje
Turmudi.
“Dengaren
kang, semodokan telat, tak daraki ora laut,” Yu trimah takon kambek mesem.
“His lha nek
ora laut, yo nggagar raöwong kerjone ketug sore terus...,” Turmudi mangsuli. Mangane
pingin mbaleni jangan asem kambek sambel panggang cucut. Jebulno panggange
entek. Pindang goreng bae wis. Krupuk. Sambele ora keri. Duduhe komplang-komplang
koyo biasane.
“Kang, nyong
ditakoki Yu Marni, sedulur kadek Jakarta. Acarane Hari Batik nang Pekalongan
kuwi opo bae?,” yu Trimah gagiak takok sak wise turmudi nyruput es tehe.
“Acarane
remo-remo nju...nyong be apak meli dodolan...,” jare tasripin, kambek ngilnguk
aring mbak Jum. Mbak Jum manthuk akur, Tasripin pancen pak dijaki njogo stane
mbak Jum nang GOR Jetayu. Pak melu ngramekke koyo taun wingi, cumo taun wingi
sing ngejaki kerjo, Ji Fathur.
“Acara sing
digelar Pekalongan arane Pekan Batik Nasional, nju. Ket tanggal 3 ketug 7 Oktober.
Denese kegiatane wis tapuk ket tanggal 1 si, tapekno pembukaaane tanggal 3,”
jare Turmudi.
“O, dadi
ramene ket tanggal 3? Lha nek Yu Marni menene tanggal 5 jik uman si ho?”.
“Yo izik
ra...,” Turmudi mangsuli sithik, asale karo-an nyuwil pindhang. Sabar ndhisik
batine Yu Trimah. Karang zik pak mangan kok dijak kojahan.
“pertamane
kiye ho, ket tanggal 1-7 Oktober, ono Festival damar kurung. Kae si...maksude
lampion. Lampione remo-remo jumblahe sewu. Ora kalah kadek 100 payung tahun
wingi wis, gampangane. Bar kuwi, ono pameran batik kadek daerah-daerah, seje
pekalongan othok. Arane Indonesian Batik Expo. Pokoke nggo wong sing apak
blonjo batik, penak kuwi, ora susah moro nang kota asale, wis biso oleh batik
kadek daerah liyo, lungone sak panggonan thok, Pekan Batik Nasional. Manggone nang
GOR Jetayu.”
“pokoke mbukak
pasar batik...koyo Setono kae si...,” Tasripin nyauti.
“Gening koyo
Pasar Grosir Setono...lha nggo opo kok darani Pekan Batik Nasional? Lha nek
wong-wong do teko kadek ngendi-endi tanakan gelo ra, kok podo bae karo-an pasar
biasa,” Yu Trimah nyauri. Turmudi karo mbak Jum mesem.
Pancen sing
taun wingi, akeh sing kondho nek Festival Batike ora ono sejene kambek mindah
pasar. Batike sing didol, juga podo bae kambek sing ono nang pasar. Padahal akeh
tamu sing pingin ngluru batik Pekalongansing apik, sing unik utowo nyejeni,
motip anyar, kelir anyar, ajib meneh nek ditemokke bahan kelir anyar, sing ora
ngrusak lingkungan.
“Jo wedi,
saiki ditoto selot apik. Batik sing dipamerke dipilih sing apik. Seje batik
koden.”
“Lha stane be
larange pok ok...regane sampek 7 juta,” jare Tasripin.
“Kuwi nggo
pengusaha batik sing gedi, Pin. Nggo sing cilik-cilikan yo malah digratiske,”
jare mbak Jum. Batik sing digelar remo-remo, akeh batik pesisire. Karang batik
pesisir kuwi motipe akehe pok. Kadek motip terang bulan, batik kunone Pekalongan,
sing saiki terkenale motip jlamprang, ketuk motip flora-fauna. Kupu, kinjeng,
manuk, merak, iwak, kuwuk, ketug wedhus. Batik sing dikelir tik pewarna alami,
selot akeh saiki diarani ‘batik hijau’ utowo ‘batik go green’. Seje batik sing kelire
ijo, tapekno batik sing digawe kadek bahan sing ramah lingkungan. Turmudi
nerangke, ono Pesta Citarasa Indonesia, maksude kuliner alias panganan khas
daerah-daerah, seje Pekalongan othok. Terus ono panggung hiburan, (Gelar Seni
dan Budaya) nang Lapangan Jetayu. Kesenian khas kadek ngendi-endi, digebyake
nang kono. Mengo setru bakale ono karnaval batik. Sing ajib meneh, nggo promosi
batike, dianake “Gala Dinner & Fashion Show Batik” nang omah dinas Bakorwil
(mbiyek omahe dines Residen).
“gening
acarane longko sing tik dialek Pekalongan ho..? Kabeh mambune Nasional, malah
tik boso Inggris nombarang. Opo demeh akeh Londo sing teko pok?,” Tasripin takok.
(nerangkene
priye kuwi? Turmudi be ora reti, nang opo acarane ora ‘mambu Pekalongan’. Karang
angel mangsuli takokane Tasripin, mbaleni omongane mbak Jum : kenang opo
dalan-dalan sing maring jetayu ora ono ‘mambune’ batik babarjid? Terus, nek kesenian
kadek ngendi-endi digebyakke nang Pekalongan, keseniane Pekalongane dewe endi,
sakliyane Terbang Jawan? Kuntulan, Duror, Zaplin, denese ajib meneh nek do
manggung ho..?) (49)
Suara
Pantura, 5 Oktober 2012